Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 24:34-51 Kitab Sutji (JAV)

34. Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.

35. Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

36. Mung bae, mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.”

37. Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.

38. Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,

39. lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.

40. Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.

41. Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijine katinggal.

42. Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.

43. Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.

44. Awit saka iku, kowe uga padha rumantia. amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.”

45. “Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?

46. Rahayu abdi kang ketemu lagi nindakake kawajibane mau, nalika bandarane rawuh.

47. Satemene Aku pitutur marang kowe, abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barang kagungane kabeh.

48. Nanging manawa abdi iku ala lan duwe gagasan ing sajroning atine mangkene:

49. Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem,

50. bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,

51. abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakake karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu.”

maca bab lengkap Mateus 24