Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 23:31-39 Kitab Sutji (JAV)

31. Marga saka mangkono dadine kowe padha dadi seksi tumrap awakmu dhewe, yen kowe kabeh iku padha turune wong-wong kang nyedani para nabi.

32. Dadi kowe iya padha ngebakana takerane leluhurmu!

33. Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”

34. “Mulane delengen, Aku ngutus nabi-nabi, para wong wicaksana lan para ahli Toret nekani kowe sarta ana kang banjur kokpateni lan koksalib, ana maneh kang bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang ing kutha sijine,

35. supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.

36. Satemene Aku pitutur marang kowe: Kabeh iku bakal katempuhake marang jinis iki.

37. Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.

38. Titenana, omahmu iki bakal ditinggal suwung.

39. Lan Aku kandha marang kowe: Wiwit saiki kowe ora bakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowe padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran.”

maca bab lengkap Mateus 23