Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 23:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. Lan sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe bakal kaluhurake.”

13. “Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.[

14. Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong lamis, amarga kowe padha nguntal omahe randha-randha nganti entek, nganggo pawadan ndedonga dawa-dawa, mulane kowe mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.]

15. Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, sabab kowe padha nyabrangi sagara lan ndlajahi dharatan, supaya oleh wong sing ngenut agamamu sanadyan munga siji bae, nanging yen wis mratobat, kokdadekake wong naraka, kang tikel pindho alane tinimbang kowe dhewe.

16. Bilai kowe, heh panuntun-panuntun picak, kang ngucap: Supata demi Padaleman Suci, iku ora absah; nanging kang sumpah demi emase Padelamenan Suci, sumpahe iku nancang.

17. Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase?

18. Apamaneh sing sapa sumpah demi misbyah, iku ora absah, nanging sumpah demi pisungsung kang ana ing misbyah iku kang nancang.

19. Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung?

20. Mulane sing sapa sumpah demi misbyah, iku sumpahe demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono.

21. Lan sing sapa sumpah demi Padaleman Suci, iku iya sumpah demi Padeleman Suci lan uga demi Kang adedalem ing kono.

22. Apadene sing sapa sumpah demi swarga, iku iya sumpah demi dhamparing Allah lan iya demi Kang lenggah ing kono.

23. Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.

24. Heh, kowe, panuntun-panuntun kang picak, lemud kokjupuk saka ing omben-ombenmu, nanging unta kokuntal.

maca bab lengkap Mateus 23