Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 22:5-22 Kitab Sutji (JAV)

5. Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane,

6. dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.

7. Mulane Sang Nata duka lan banjur utusan wadyabalane kadhawuhan numpes wong-wong dursila mau lan ngobongi kuthane.

8. Sawise iku nuli ngandika marang para abdine: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

9. Mulane padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang ing pahargyan manton iki.

10. Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan mglumpukake kabeh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton.

11. Nalika Sang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamu iku, panjenengane mirsa wong siji, sing ora nganggo sandhangan pesta.

12. Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.

13. Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.

14. Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.”

15. Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.

16. Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.

17. Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”

18. Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?

19. Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji.

20. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare lan tulisane sapa?”

21. Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”

22. Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaeraman, tumuli Gusti Yesus ditinggal lunga.

maca bab lengkap Mateus 22