34. Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.
35. Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:
36. “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”
37. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.
39. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.
40. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”
41. Nalika para wong Farisi lagi padha nglumpuk, Gusti Yesus ndangu marang wong-wong mau, pangandikane:
42. “Kapriye panemumu ing bab Sang Kristus? Iku tedhake sapa?” Wangsulane kang kadangu: “Tedhakipun Sang Prabu Dawud.”
43. Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono, kapriye dene Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dening Roh kok nyebut Gustine, yaiku nalika ngandika:
44. Pangeran wis dhawuh marang Gustiku:Sira linggiha ana ing tengeningSun,nganti sakabehing mungsuhira wisSunselehake ing sangisoring tlapakanira.