Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 22:32-46 Kitab Sutji (JAV)

32. Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”

33. Wong akeh kang padha ngrungokake, padha kaeraman ing bab piwulange.

34. Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.

35. Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:

36. “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”

37. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.

38. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.

39. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.

40. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

41. Nalika para wong Farisi lagi padha nglumpuk, Gusti Yesus ndangu marang wong-wong mau, pangandikane:

42. “Kapriye panemumu ing bab Sang Kristus? Iku tedhake sapa?” Wangsulane kang kadangu: “Tedhakipun Sang Prabu Dawud.”

43. Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono, kapriye dene Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dening Roh kok nyebut Gustine, yaiku nalika ngandika:

44. Pangeran wis dhawuh marang Gustiku:Sira linggiha ana ing tengeningSun,nganti sakabehing mungsuhira wisSunselehake ing sangisoring tlapakanira.

45. Dadi yen Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengane Gustine, kapriye dene kok dadi tedhake?”

46. Ora ana siji bae kang bisa ngaturi wangsulan, sarta wiwit nalika iku ora ana wong siji bae kang wani ngaturake pitakonan marang Panjenengane.

maca bab lengkap Mateus 22