Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 22:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan.

4. Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. padha tekaa ing pahargyan.

5. Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane,

6. dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.

7. Mulane Sang Nata duka lan banjur utusan wadyabalane kadhawuhan numpes wong-wong dursila mau lan ngobongi kuthane.

8. Sawise iku nuli ngandika marang para abdine: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

9. Mulane padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang ing pahargyan manton iki.

10. Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan mglumpukake kabeh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton.

11. Nalika Sang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamu iku, panjenengane mirsa wong siji, sing ora nganggo sandhangan pesta.

12. Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.

13. Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.

maca bab lengkap Mateus 22