Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 22:24-37 Kitab Sutji (JAV)

24. “Guru, Nabi Musa ngandika, manawi wonten tiyang pejah boten tilar anak, punika sadherekipun kedah mendhet semah ingkang estri, sageda suka turun dhateng sadherekipun wau.

25. Kalampahan panunggilan kula wonten sadherek jaler pitu. Ingkang kapisan emah-emah, namung kemawon lajeng pejah. Sarehning boten nilar anak, dados ingkang estri katilaraken dhateng sadherekipun.

26. Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan.

27. Wasana sapengkeripun sadaya punika wau tiyang estri punika lajeng pejah.

28. Ingkang punika benjing dinten patangen, tiyang pitu wau ingkang pundi ingkang dados semahipun tiyang estri punika, sadaya rak sampun nate gesang sesarengan kaliyan piyambakipun?”

29. Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurup bab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.

30. Awit besuk ing jaman patangen ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.

31. Apa kowe padha ora maca pangandikaning Allah marang kowe bab patangen, kang ijoane mangkene:

32. Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”

33. Wong akeh kang padha ngrungokake, padha kaeraman ing bab piwulange.

34. Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.

35. Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:

36. “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”

37. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.

maca bab lengkap Mateus 22