Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 22:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.

16. Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.

17. Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”

18. Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?

19. Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji.

20. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare lan tulisane sapa?”

21. Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”

22. Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaeraman, tumuli Gusti Yesus ditinggal lunga.

23. Ing dina iku ana wong Saduki sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus. Wong-wong iku padha ora pracaya marang patangen. Banjur padha munjuk:

maca bab lengkap Mateus 22