Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 20:23-30 Kitab Sutji (JAV)

23. Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”

24. Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.

25. Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng.

26. Ananging kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia batur,

27. lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.

28. Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”

29. Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yesus kadherekake ing wong akeh banget.

30. Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”

maca bab lengkap Mateus 20