Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 20:11-24 Kitab Sutji (JAV)

11. Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.

12. Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran.

13. Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?

14. Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe.

15. Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?

16. Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”

17. Nalika Gusti Yesus arep tindak menyang Yerusalem, banjur nimbali para sakabate rolas dhewekan sarta ana ing dalan padha dipangandikani mangkene:

18. “Saiki Aku lan kowe kabeh padha menyang ing Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal diulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret; iku bakal nibakake paukuman pati marang Panjenangane

19. lan masrahake marang wong-wong kapir, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib sarta ing telung dinane bakal kawungokake.”

20. Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan.

21. Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.”

22. Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”

23. Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”

24. Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.

maca bab lengkap Mateus 20