1. “Anadene Kratoning Swarga iku kena diupamakake wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golek wong buruh kanggo kebone anggur.
2. Bareng wis padha sarujuke opahe nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing kebone.
3. Kira-kira jam sanga dheweke metu maneh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.
4. Calathune marang wong-wong mau: Kowe iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.
5. Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu maneh lan iya nindakake kaya ing ngarep mau.
6. Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?
7. Wangsulane wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iya padha menyanga kebonku anggur.
8. Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.
9. Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.
10. Sawise iku kang mlebune esuk dhewe padha mara, pangirane bakal tampa opah luwih akeh, nanging jebul iya tampa nyadinar.