Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 19:17-29 Kitab Sutji (JAV)

17. Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”

18. Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.

19. Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

20. Unjuke wong anom iku: “Punika sadaya sampun kula tetepi, punapa malih ingkang taksih kirang?”

21. Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”

22. Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh.

23. Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe, yen wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratoning Swarga.

24. Sapisan engkas pituturKu marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”

25. Para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atine sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?”

26. Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”

27. Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndherek Paduka; ingkang punika kawula sami badhe angsal punapa?”

28. Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.

29. Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.

maca bab lengkap Mateus 19