Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 19:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Gusti Yesus wis mungkasi piwulange mau banjur tindak saka ing Galilea menyang ing tlatahe tanah Yudea ing sabrange bengawan Yarden.

2. Akeh wong kang padha gumrudug ndherekake, nuli padha diwarasake ana ing kono.

3. Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”

4. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?

5. Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.

6. Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”

7. Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”

8. Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.

9. Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

10. Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”

11. Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.

12. Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

13. Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.

maca bab lengkap Mateus 19