Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 18:25-35 Kitab Sutji (JAV)

25. Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.

26. Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.

27. Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welase marang abdi iku, mulane abdine banjur diluwari, utange dililakake.

28. Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!

29. Kancane abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhe kula lunasi.

30. Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.

31. Ndeleng kang mangkono iku kanca-kanca liyane padha sedhih banget. Bab iku kabeh banjur kalapurake marang gustine.

32. Sang Prabu nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala, utangira kang semana kehe wis sunlilakake kabeh, marga sira matur memelas marang ingsun.

33. Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?

34. Gustine duka banget. Abdi mau banjur kapasrahake marang algojo, nganti sapundhate utange kabeh.

35. Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”

maca bab lengkap Mateus 18