Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 18:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti, manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”

22. Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.

23. Sabab Kratoning Swarga iku upamane kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdine.

24. Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.

25. Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.

26. Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.

27. Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welase marang abdi iku, mulane abdine banjur diluwari, utange dililakake.

28. Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!

29. Kancane abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhe kula lunasi.

30. Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.

maca bab lengkap Mateus 18