Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 18:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. “Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?

13. Satemene Aku pitutur marang kowe: Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.

14. Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae.”

15. “Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegese kowe wis ngentas sadulurmu.

16. Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.

17. Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.

18. Satemene pituturKu marang kowe: Apa kang koktaleni ana ing donya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga.

19. Lan maneh Aku pitutur marang kowe: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwune iku bakal dikabulake dening RamaKu kang ana ing swarga.

20. Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”

21. Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti, manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”

22. Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.

23. Sabab Kratoning Swarga iku upamane kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdine.

24. Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.

maca bab lengkap Mateus 18