Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 18:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku para sakabat padha sowan ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?”

2. Gusti Yesus banjur nimbali bocah cilik siji, didegake ana ing tengahe para sakabat

3. tumuli ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.

4. Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga.

5. Karodene sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani.

6. Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sawijining bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungake ing sagara bae.

7. Bilai jagad lan sakabehing sesandhungane. Sandhungan iku pancen kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekane.

8. Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowe, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tangamu lan sikilmu karo-karone wutuh nanging kacemplungake ing geni langgeng.

9. Sarta manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowe lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungake ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.

10. Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana Swarga.

11. [Dene rawuhe Putraning Manungsa iku prelu nylametake kang katriwal].”

12. “Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?

maca bab lengkap Mateus 18