Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 17:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”

8. Lan bareng padha ndengengek, sing katon mung Gusti Yesus piyambak, ora ana wong liyane maneh.

9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”

10. Para sakabate tumuli padha matur pitaken: “Manawi makaten, punapaa dene para ahli Toret sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

11. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pancen Elia bakal teka mbenakake samubarang kabeh,

12. nanging Aku pitutur marang kowe: Elia wis teka, mung bae wong-wong ora wanuh marang dheweke, malah digawe sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manungsa iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong mau.”

13. Nalika iku para sakabate Gusti Yesus padha mangerti, yen kang dipangandikakake iku Nabi Yokanan Pambaptis.

14. Bareng wis padha bali tekan ing enggone wong akeh maneh, ana wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus banjur sujud lan matur:

15. “Gusti, anak kawula mugi Paduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya.

16. Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.”

maca bab lengkap Mateus 17