Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 17:2-19 Kitab Sutji (JAV)

2. Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.

3. Tumuli padha dikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kang padha ngandikan karo Panjenengane.

4. Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

5. Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”

6. Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wedine.

7. Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”

8. Lan bareng padha ndengengek, sing katon mung Gusti Yesus piyambak, ora ana wong liyane maneh.

9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”

10. Para sakabate tumuli padha matur pitaken: “Manawi makaten, punapaa dene para ahli Toret sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

11. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pancen Elia bakal teka mbenakake samubarang kabeh,

12. nanging Aku pitutur marang kowe: Elia wis teka, mung bae wong-wong ora wanuh marang dheweke, malah digawe sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manungsa iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong mau.”

13. Nalika iku para sakabate Gusti Yesus padha mangerti, yen kang dipangandikakake iku Nabi Yokanan Pambaptis.

14. Bareng wis padha bali tekan ing enggone wong akeh maneh, ana wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus banjur sujud lan matur:

15. “Gusti, anak kawula mugi Paduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya.

16. Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.”

17. Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”

18. Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.

19. Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karo Panjenengane piyambakan, padha matur: “Punapa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

maca bab lengkap Mateus 17