Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 17:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.

19. Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karo Panjenengane piyambakan, padha matur: “Punapa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

20. Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe. [

21. Jinis iki ora bisa katundhung yen ora sarana ndedonga lan pasa].”

22. Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahake marang tanganing wong,

23. sarta bakal disedani lan ing telung dinane bakal kawungokake.” Mulane para sakabat padha susah banget.

24. Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengane punapa boten asok paos kalih drakhma?”

25. Wangsulane Petrus: “Inggih asok!” Nalika Petrus lumebu ing omah, Gusti Yesus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon, panemumu kapriye? Sapa sing dipundhuti beya lan pajeg dening para raja ing donya iki, para putrane apa wong manca?”

26. Ature Petrus: “Tiyang manca!” Gusti Yesus ngandika: “Dadine para putra ora.

27. Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowe.”

maca bab lengkap Mateus 17