Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 17:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan sadulure kadhawuhan ndherek Gusti Yesus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.

2. Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.

3. Tumuli padha dikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kang padha ngandikan karo Panjenengane.

4. Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

5. Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”

6. Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wedine.

7. Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”

8. Lan bareng padha ndengengek, sing katon mung Gusti Yesus piyambak, ora ana wong liyane maneh.

9. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”

10. Para sakabate tumuli padha matur pitaken: “Manawi makaten, punapaa dene para ahli Toret sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

maca bab lengkap Mateus 17