Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 16:4-19 Kitab Sutji (JAV)

4. Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.

5. Nalika para sakabat padha nyabrang ing sagara, lali ora nggawa roti.

6. Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”

7. Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”

8. Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?

9. Apa kowe durung padha mangreti? Apa padha ora kelingan bab roti lima kanggo wong limang ewu lan pirang kranjang sing kokklumpukake?

10. Apa uga lali bab roti pitu kanggo wong patang ewu lan pirang kranjang kang kokklumpukake?

11. Kapriye ta dene kowe kok padha ora mangreti, yen kang Dakkarepake iku dudu roti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspada marang ragine wong Farisi lan wong Saduki!”

12. Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.

13. Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?”

14. Atur wangsulane:“Wonten ingkang cariyos: Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Nabi Elia; wonten malih ingkang mastani: Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi.”

15. Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?”

16. Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!”

17. Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.

18. Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.

19. Kowe bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktaleni ana ing donya bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya, bakal kauculan ana ing swarga.”

maca bab lengkap Mateus 16