Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 16:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga.

2. Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa sore langite katon abang sumulak, kowe kandha; Iki bakal terang,

3. sarta esuk, manawa langite katon abang surem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowe bisa mbedakake rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngreti.

4. Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.

5. Nalika para sakabat padha nyabrang ing sagara, lali ora nggawa roti.

6. Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”

7. Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”

8. Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?

9. Apa kowe durung padha mangreti? Apa padha ora kelingan bab roti lima kanggo wong limang ewu lan pirang kranjang sing kokklumpukake?

10. Apa uga lali bab roti pitu kanggo wong patang ewu lan pirang kranjang kang kokklumpukake?

11. Kapriye ta dene kowe kok padha ora mangreti, yen kang Dakkarepake iku dudu roti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspada marang ragine wong Farisi lan wong Saduki!”

12. Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.

13. Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?”

maca bab lengkap Mateus 16