Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”

10. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”

11. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.

12. Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.

13. Iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngreti.

14. Mulane wong-wong iku kang padha dadi kanyataane pamecane Nabi Yesaya, surasane:Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangreti,sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.

15. Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampengsarta mripate dieremake,supaya aja padha ndeleng kalawan mripatelan krungu kalawan kupingesarta atune bisa mangretibanjur mratobat, temahan Sunwarasake.

16. Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.

17. Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.

18. Mulane rungokna maknane pasemon bab juru nyebar iku.

maca bab lengkap Mateus 13