Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Ana maneh kang tumiba ing eren. Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhih temahan mati.

8. Lan ana maneh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohe, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.

9. Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”

10. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”

11. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.

12. Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.

13. Iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngreti.

14. Mulane wong-wong iku kang padha dadi kanyataane pamecane Nabi Yesaya, surasane:Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangreti,sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.

maca bab lengkap Mateus 13