Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:46-58 Kitab Sutji (JAV)

46. Bareng wis oleh mutyara kang banget ajine, banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, mutyara mau nuli dituku.”

47. “Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.

48. Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang.

49. Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,

50. padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.

51. Kowe apa padha mangreti iku mau kabeh?” Atur wangsulane para sakabat: “Inggih, Gusti.”

52. Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”

53. Sawise rampung anggone paring pasemon-pasemon mau, Gusti Yesus banjur tindak saka ing kono.

54. Sarawuhe ing kutha asale, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing papan pangibadahe. Wong-wong mau padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawicaksanan lan panguwasa nindakake mukjijat saka ing ngendi?

55. Apa iku dudu anake tukang kayu? Embokne jenenge rak Maryam, lan sadulure Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?

56. Lan sadulur-sadulure wadon rak padha ana ing kene kabeh? Dadi olehe iku kabeh saka ing ngendi?”

57. Wong-wong mau temahan padha kesandhung ing bab Panjenangane. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang jenenge nabi iku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ing papan asale lan ing omahe dhewe.”

58. Mulane Panjenengane ora nindakake mukjijat akeh ana ing kono, jalaran saka anggone padha ora pracaya iku.

maca bab lengkap Mateus 13