Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:43-52 Kitab Sutji (JAV)

43. Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”

44. “Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.

45. Mangkono maneh Kratoning Swarga iku umpanane kayadene wong dagang kang golek mutyara kang adi.

46. Bareng wis oleh mutyara kang banget ajine, banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, mutyara mau nuli dituku.”

47. “Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.

48. Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang.

49. Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,

50. padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.

51. Kowe apa padha mangreti iku mau kabeh?” Atur wangsulane para sakabat: “Inggih, Gusti.”

52. Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”

maca bab lengkap Mateus 13