Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:29-45 Kitab Sutji (JAV)

29. Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutake gandume.

30. Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”

31. Ana maneh pasemon kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane.

32. Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhewe, nanging yen wis thukul, gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuk ing pang-pange.”

33. Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”

34. Sakehe prakara iku mau kabeh didhawuhake dening Gusti Yesus marang wong akeh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikakake kang ora dhapur pasemon,

35. supaya keyektenana kang kapangandikakake dening nabi mangkene:“Ingsun bakal ngangapake tutukingSunlan mangandikakake pasemon.Ingsun bakal ngucapake prakara kang kinekerwiwit dumadining jagad.”

36. Gusti Yesus banjur nilar wong akeh mau sarta banjur kondur. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Kawula mugi sami kaparingana katrangan bab pasemon kambengan ing satengahing gandum punika.”

37. Gusti Yesus banjur maringi wangsulan, pangandikane: “Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.

38. Pategalan iku jagad. Wiji kang becik iku para putraning Kraton lang alang-alange iku para anake si pangawak dursila.

39. Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panen iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaekat.

40. Kang iku kayadene alang-alang banjur kaklumpukake lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman,

41. Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,

42. padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.

43. Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”

44. “Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.

45. Mangkono maneh Kratoning Swarga iku umpanane kayadene wong dagang kang golek mutyara kang adi.

maca bab lengkap Mateus 13