Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:26-34 Kitab Sutji (JAV)

26. Bareng gandume thukul lan wiwit metu wewulene, alang-alange iya kathon.

27. Batur-bature sing duwe pategalan padha marani lurahe lan matur: Bandara, punapa sanes wiji sae ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?

28. Wangsulane lurahe: Iku panggawene satru. Batur-bature matur maneh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?

29. Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutake gandume.

30. Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”

31. Ana maneh pasemon kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane.

32. Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhewe, nanging yen wis thukul, gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuk ing pang-pange.”

33. Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”

34. Sakehe prakara iku mau kabeh didhawuhake dening Gusti Yesus marang wong akeh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikakake kang ora dhapur pasemon,

maca bab lengkap Mateus 13