Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampengsarta mripate dieremake,supaya aja padha ndeleng kalawan mripatelan krungu kalawan kupingesarta atune bisa mangretibanjur mratobat, temahan Sunwarasake.

16. Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.

17. Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.

18. Mulane rungokna maknane pasemon bab juru nyebar iku.

19. Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.

20. Dene wiji kang kasebar ing padhasan, yaiku wong kang ngrungokake pangandika sarta enggal-enggal nampani pangandika mau kanthi bungah,

21. nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.

22. Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

23. Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh.”

24. Ana maneh pasemon, kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku umpamane kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalane.

25. Nanging nalika wong-wong padha turu kabeh, satrune teka nyebar wiji alang-alang ing tengahe gandum banjur lunga.

26. Bareng gandume thukul lan wiwit metu wewulene, alang-alange iya kathon.

27. Batur-bature sing duwe pategalan padha marani lurahe lan matur: Bandara, punapa sanes wiji sae ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?

28. Wangsulane lurahe: Iku panggawene satru. Batur-bature matur maneh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?

maca bab lengkap Mateus 13