Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 13:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing dina iku Gusti Yesus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir sagara.

2. Tumuli ana wong akeh padha gumrudug sowan lan ngrubung Panjenengane, mulane Gusti banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, dene wong akeh mau padha ngadeg ana ing gegisik.

3. Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhe: “Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.

4. Sajrone nyebar iku ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki.

5. Ana kang tumiba ing padhasan, kang ora akeh lemahe. Wiji mau enggal thukul, amarga lemahe tipis.

6. Nanging bareng srengenge wis saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyode.

7. Ana maneh kang tumiba ing eren. Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhih temahan mati.

8. Lan ana maneh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohe, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.

9. Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”

10. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”

11. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.

12. Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.

13. Iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngreti.

maca bab lengkap Mateus 13