Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 12:34-49 Kitab Sutji (JAV)

34. Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.

35. Wong becik iku metokake barang-barang kang becik saka simpenane kang becik lan wong ala metokake barang-barang kang ala saka simpenane kang ala.

36. Nanging Aku pitutur marang kowe: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapake dening wong, iku besuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakake tanggung jawabe.

37. Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”

38. Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur:“Guru, kula sami kapengin sumerep pratandha saking Panjenengane.”

39. Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.

40. Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.

41. Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.

42. Besuk ing wektu pangadilan, Sang Raja Putri saka ing tanah kidul bakal kawungokake bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhe saka pungakasaning bumi, banjur mirengake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, lah mangka ing kene ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman.”

43. “Mungguh dhemit iku manawa wus metu saka ing wong, banjur nglembara golek palereman menyang papan-papan kang garing suwung. Nanging ora oleh.

44. Tumuli ngucap mangkene: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahe tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata becik.

45. Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”

46. Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.

47. Banjur ana kang munjuk marang Gusti Yesus: “Lah punika ingkang ibu tuwin sadherek-sadherek Panjenengan sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan.”

48. Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkene: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?”

49. Banjur mulungake astane marang para sakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!”

maca bab lengkap Mateus 12