Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 12:28-41 Kitab Sutji (JAV)

28. Nanging manawa anggonKu nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane Rohing Allah, satemene Kratoning Allah wus nekani kowe.

29. Utawa kapriye bisane wong lumebu ing omahe wong kang rosa lan njarah rayah barang darbeke, yen wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau.

30. Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku, iku mbuyarake.

31. Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.

32. Yen ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.

33. Manawa uwite becik. wohe iya becik; manawa uwite ora becik, wohe iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe.

34. Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.

35. Wong becik iku metokake barang-barang kang becik saka simpenane kang becik lan wong ala metokake barang-barang kang ala saka simpenane kang ala.

36. Nanging Aku pitutur marang kowe: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapake dening wong, iku besuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakake tanggung jawabe.

37. Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”

38. Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur:“Guru, kula sami kapengin sumerep pratandha saking Panjenengane.”

39. Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.

40. Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.

41. Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.

maca bab lengkap Mateus 12