Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 12:20-34 Kitab Sutji (JAV)

20. Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateninganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.

21. Apadene iya Panjenengane iku kang dadi pangarep-areping bangsa-bangsa.”

22. Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.

23. Wong-wong kabeh padha kaeraman sarta padha calathu: “Panjenengane iku kira-kira tedhake Sang Prabu Dawud.”

24. Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”

25. Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.

26. Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awake dhewe; manawa mangkono krajane bisane lestari kapriye?

27. Dadine yen Aku nundhungi dhemit nganggo jenenge Beelzebul, lah nganggo jenenge sapa yen anak-anakmu nundhung? Mulane anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowe.

28. Nanging manawa anggonKu nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane Rohing Allah, satemene Kratoning Allah wus nekani kowe.

29. Utawa kapriye bisane wong lumebu ing omahe wong kang rosa lan njarah rayah barang darbeke, yen wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau.

30. Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku, iku mbuyarake.

31. Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.

32. Yen ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.

33. Manawa uwite becik. wohe iya becik; manawa uwite ora becik, wohe iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe.

34. Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.

maca bab lengkap Mateus 12