Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 12:11-25 Kitab Sutji (JAV)

11. Nanging padha dipangandikani mangkene: “Manawa panunggalanmu duwe wedhus siji, mangka wedhuse iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake?

12. Apa ajine manungsa iku ora ngungkuli wedhus banget? Mulane kalilan bae nindakake kabecikan ing dina Sabat.”

13. Banjur dhawuh marang kang ceko mau: “Tanganmu athungna.” Tumuli diathungake temah dadi waras pulih kaya tangan sijine.

14. Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.

15. Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.

16. Nanging padha ora diparengake nyuwurake Asmane,

17. supaya kalakona pangandika kang dilantarake dening Nabi Yesaya:

18. “Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake keparenging galihingSun,bakal Sunparingi RohingSun,sarta bakal ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.

19. Panjenengane ora bakal nganakake padudon lan ora bakal alok-alok.Swarane bakal ora keprungu ing wong ana ing lurung-lurung.

20. Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateninganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.

21. Apadene iya Panjenengane iku kang dadi pangarep-areping bangsa-bangsa.”

22. Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.

23. Wong-wong kabeh padha kaeraman sarta padha calathu: “Panjenengane iku kira-kira tedhake Sang Prabu Dawud.”

24. Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”

25. Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.

maca bab lengkap Mateus 12