Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 12:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi paganduman. Sakabate padha luwe, mulane banjur padha nyethuti wewulen sarta dipangan.

2. Wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabat Panjenengan, sami nindakaken ingkang boten dipun parengaken ing dinten Sabat.”

3. Nanging Gusti Yesus ngadika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?

4. Bab anggone banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggone padha mangan roti cecaosan, kang pancene ora kena kapangan dening Dawud utawa dening pandhereke, kajaba dening para imam?

5. Mangkono uga apa kowe ora maca ing Toret, yen ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, ora padha kaluputan?

6. Aku pitutur marang kowe: Ing kene ana kang ngluwihi Padaleman Suci.

7. Manawa kowe pancen mangreti isining pangandika: Kang Sunkarsakake iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowe ora ngukum wong kang ora kaluputan.

8. Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustine dina Sabat.”

9. Sawise tindak saka ing kono, Gusti Yesus banjur lumebet ing papan pangibadahe wong-wong mau.

10. Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.

11. Nanging padha dipangandikani mangkene: “Manawa panunggalanmu duwe wedhus siji, mangka wedhuse iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake?

12. Apa ajine manungsa iku ora ngungkuli wedhus banget? Mulane kalilan bae nindakake kabecikan ing dina Sabat.”

maca bab lengkap Mateus 12