Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 11:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.

9. Dadi arep apa kowe mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah kang ngungkuli nabi.

10. Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitab mangkene:Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku ndhisiki Sira,arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.

11. Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.

12. Sabab wiwit nalika Yokana Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.

13. Sabab sakabehing nabi lan kitab Toret iku padha memeca nganti tumekaning Nabi Yokanan.

14. Sarta, manawa kowe padha gelem nganggep mangkono, iya dheweke iku Elia kang bakal teka.

15. Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.

16. Dakupamakake apa golongan iki? Upamane kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene:

17. Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged.Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh,nanging kowe ora padha tangisan.

18. Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.

19. Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”

20. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:

21. “Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.

22. Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening Tirus lan Sidon bakal luwih entheng tinimbang kowe.

23. Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.

maca bab lengkap Mateus 11