Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 11:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.

6. Rahayu wong kang ora nganti kacuwan bab Aku.”

7. Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?

8. Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.

maca bab lengkap Mateus 11