Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 11:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.

12. Sabab wiwit nalika Yokana Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.

13. Sabab sakabehing nabi lan kitab Toret iku padha memeca nganti tumekaning Nabi Yokanan.

14. Sarta, manawa kowe padha gelem nganggep mangkono, iya dheweke iku Elia kang bakal teka.

15. Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.

16. Dakupamakake apa golongan iki? Upamane kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene:

17. Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged.Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh,nanging kowe ora padha tangisan.

18. Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.

19. Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”

maca bab lengkap Mateus 11