Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 11:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise Gusti Yesus mungkasi piwelinge marang sakabat-sakabate rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelarake Injil ana ing kutha-kuthane.

2. Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan midhanget pawarta bab pakaryane Gusti Yesus,

3. banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”

maca bab lengkap Mateus 11