Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 10:30-42 Kitab Sutji (JAV)

30. Mangka kowe iku, malah dalasan rambutmu wus padha dietung kabeh.

31. Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk nglathik pirang-pirang.

32. Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.

33. Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”

34. “Kowe aja padha ngira, yen tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.

35. Sabab tekaKu iku njalari wong crah karo bapakne, anak wadon karo embokne; mantu wadon karo embokne maratuwa,

36. lan wong bakal dimungsuh dening wong-wong kang nunggal saomah kabeh.

37. Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

38. Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

39. Sing sapa ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampani nyawane.

40. Sing sapa nampani kowe, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.

41. Sing sapa nampani nabi marga saka anggone dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggone mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid.

42. Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”

maca bab lengkap Mateus 10