Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 10:17-34 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging sing waspada marang wong kabeh; sabab ana kang bakal ngladekake kowe marang pradata agama, kang banjur nyapu kowe ana ing papan-papan pangibadahe.

18. Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.

19. Anadene manawa kowe padha kalakon diladekake, aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kok aturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal kaparingake marang kowe.

20. Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang ngandika lumantar kowe.

21. Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.

22. Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.

23. Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.

24. Mungguh sakabat iku ora ngungkuli gurune, utawa abdi iya ora ngungkuli bandarane.

25. Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apa maneh brayate saomah.

26. Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.

27. Apa kang Dakpituturake ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokake kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.

28. Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.

29. Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Ewadene siji bae ora ana kang tiba ing lemah, yen ora saka karsane Ramamu.

30. Mangka kowe iku, malah dalasan rambutmu wus padha dietung kabeh.

31. Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk nglathik pirang-pirang.

32. Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.

33. Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”

34. “Kowe aja padha ngira, yen tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.

maca bab lengkap Mateus 10