Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 10:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Yesus tumuli nimbali sakabate rolas sarta padha diparingi panguwasa nundhungi dhemit lan marasake sarupaning lelara lan sarupaning memala.

2. Dene jenenge para rasul rolas mau mangkene: Kang dhisik Simon kang karan Petrus, lan Andreas sadulure, Yakobus anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure,

3. Filipus lan Bartolomeus, Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus anake Alfeus, lan Tadeus,

4. Simon wong Zelot lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Gusti Yesus.

5. Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,

6. nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhuse Banisrael kang padha katriwal.

7. Padha mangkata lan padha memulanga mangkene: Kratoning Swarga wus cedhak.

8. Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.

9. Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu.

10. Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawe iku wus sapantese yen tampa pituwas.

11. Manawa kowe lumebu ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu.

12. Manawa kowe lumebu ing omahe wong, ulukana salam.

13. Manawa pantes anggone nampani, salammu tumanduka ing kono, nanging manawa ora, salammu balia marang kowe maneh.

14. Dene yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebune sikilmu.

15. Satemene pituturKu marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang sinangga dening Sodom lan Gomora bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.”

16. “Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.

maca bab lengkap Mateus 10