Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 8:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumake uga.

8. Wong-wong tumuli padha mangan nganti wareg. Turahane cuwil-cuwilan banjur diklumpukake dadi pitung wakul.

9. Anadene wong kang padha mangan iku cacahe watara ana patang ewu. Tumuli padha didhawuhi mulih.

10. Gusti Yesus banjur engal-enggal nitih prau kanthi para sakabate lan tindak menyang ing tlatahe tanah Dalmanuta.

11. Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.

12. Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”

13. Wong-wong mau tumuli padha ditilar minggah ing prau maneh lan tindak menyang ing sabrang.

14. Nalika samana para sakabat lali ora sangu roti, mung ana roti siji ing prau kono.

15. Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.”

16. Para sakabat banjur padha rerasanan: “Anggone ngandika mangkono iku, marga aku padha ora nggawa roti.”

17. Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?

18. Kowe wong duwe mripat apa ora ndeleng, kowe duwe kuping apa ora krungu? Apa kowe padha ora kelingan,

19. nalika aku nyuwil-nyuwil roti kanggo wong limang ewu kae, pirang wakul turahane cuwilan?” Ature para sakabat: “Kalih welas wakul.”

maca bab lengkap Markus 8