Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 8:26-38 Kitab Sutji (JAV)

26. Banjur kadhawuhan mulih lan dipangandikani: “Aja mampir ing desa kono!”

27. Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang ing desa-desa sakiwa-tengene kutha Kaisarea Filipi kadherekake dening sakabate. Ana ing dalan padha didangu, pangandikane: “Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?”

28. Atur wangsulane: “Wonten ingkang mastani Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, sanesipun malih mastani panunggilanipun para nabi.”

29. Gusti Yesus banjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punika Sang Kristus!”

30. Para sakabat banjur padha diwanti-wanti, ora diparengake wara-wara bab iku mau marang sapa bae.

31. Gusti Yesus tumuli wiwit mulang marang para sakabate, yen Putraning manungsa iku kudu nglampahi sangsara akeh, sarta ditampik dening para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Toret, banjur disedani lan sawise telung dina wungu maneh.

32. Bab iki dipangandikakake kanthi ngeblak. Nanging Petrus banjur nggered minggir Gusti Yesus lan ngaturi pepenget Panjenengane.

33. Gusti Yesus nuli minger lan kalawan mirsani para sakabate, Petrus didukani: “Sumingkira, heh, Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalih dening Gusti Allah, nanging apa kang dipikir dening manungsa.”

34. Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku.

35. Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametake nyawane.

36. Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?

37. Awit apa ta kang bisa diwenehake kanggo ngijoli nyawane?

38. Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”

maca bab lengkap Markus 8