Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 8:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.

12. Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”

13. Wong-wong mau tumuli padha ditilar minggah ing prau maneh lan tindak menyang ing sabrang.

14. Nalika samana para sakabat lali ora sangu roti, mung ana roti siji ing prau kono.

15. Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.”

16. Para sakabat banjur padha rerasanan: “Anggone ngandika mangkono iku, marga aku padha ora nggawa roti.”

17. Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?

18. Kowe wong duwe mripat apa ora ndeleng, kowe duwe kuping apa ora krungu? Apa kowe padha ora kelingan,

19. nalika aku nyuwil-nyuwil roti kanggo wong limang ewu kae, pirang wakul turahane cuwilan?” Ature para sakabat: “Kalih welas wakul.”

20. “Lan nalika roti pitu kanggo wong patang ewu, anggonmu nglumpukake cuwilan pirang wakul?” Atur wangsulane: “Pitung wakul.”

21. Banjur ngandika: “Apa kowe meksa durung mangreti?”

22. Gusti Yesus banjur rawuh ing Betsaida, tumuli ana wong picak kasowanake ing ngarsane, disuwunake supaya didemeka.

23. Gusti nuli ngasta tangane wong picak mau lan dituntun menyang ing sajabane desa, tumuli dkecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “Apa kowe wis bisa ndeleng apa-apa?”

24. Wong mau bajur tumenga lan munjuk: “Kawula ningali tiyang sami lumampah, namung sawanganipun kados wit-witan.”

25. Gusti Yesus numpangake astane maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha.

26. Banjur kadhawuhan mulih lan dipangandikani: “Aja mampir ing desa kono!”

maca bab lengkap Markus 8