Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 8:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika samana ing kono uga ana wong akeh maneh, kang akeh banget cacahe, padha ora ana kang dipangan. Gusti yesus banjur nimbali para sakabate lan ngandika:

2. “Atiku trenyuh banget marga saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka saiki ora ana kang dipangan.

3. lan manawa padha Dakkon mulih, mangka padha luwe mangkono, bakal padha ambrk ana ing dalan, sabab ana kang adoh sangkane.”

4. Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan ingkang sepi makaten ingkang kangge nedhani tiyang-tiyang punika ngantos tuwuk?”

5. Gusti Yesus nuli ndangu: “Kowe duwe roti pira?” Unjuke para sakabat: “Wonten pitu.”

6. Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.

7. Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumake uga.

8. Wong-wong tumuli padha mangan nganti wareg. Turahane cuwil-cuwilan banjur diklumpukake dadi pitung wakul.

maca bab lengkap Markus 8