Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 7:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan:Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe,nanging atine ngedohi Ingsun.

7. TAnpa gawe anggone ngabekti marang Ingsun,dene kang diwulangake iku pepakoning manungsa.

8. Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi ila-ilaning manungsa.”

9. Panangadikane maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.

10. marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.

11. Nanging kandhamu: Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kangge ngrukti panjenengan, sampun kangge kurban -- inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, --

12. ing kono wong mau wis ora prelu nindakake apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge.

13. Dadi pangandikaning Allah kokorakake, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyane kang kaya mangkono, kang koktindakake.”

14. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh maneh lan padha dipangandikani: “Kabeh padha ngrungokna lan padha pikiren sing temenan.

15. Samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manunga, iku ora njalari najis, nanging apa kang metu saka ing manungsa, iku kang marakake najis. [

16. Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]

17. Sawise Panjenengane sumingkir saka ing wong akeh mau lan lumebet ing sawijining omah, para sakabate banjur nyuwun katrangan bab tegese pasemon mau.

maca bab lengkap Markus 7