Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 7:28-37 Kitab Sutji (JAV)

28. Nanging unjuke wong wadon mau: “Kasinggihan, Gusti, nanging kirik inggih sami nedha kaceranipun putra-putra ing ngandhap meja.”

29. Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang wong wadon iku: “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka ing anakmu.”

30. Wong wadon mau tumuli mulih, anake ketemu turon ing amben, dhemite wis lunga.

31. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak menyang sagara Galilea, ing satengah tlatah Dekapolis, nglangkungi Sidon.

32. Banjur ana wong kang nyowanake wong budheg bisu lan nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa numpangi asta.

33. Wong mau nuli kapisahake saka wong akeh dening Gusti Yesus, didhewekake. Kupinge banjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau.

34. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa!

35. Sanalika kupinge padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh.

36. Wong-wong kang ana ing kono padha kaweling dening Gusti Yesus, supaya aja padha nyritakake lelakon iku marang sapa bae. Nanging saya dilarang, malah saya nemen anggone padha martakake.

37. Kabeh wong padha kaeraman banget lan padha calathu: “Panjenengane iku ndadekake becik samubarang kabeh, sing budheg dadi bisa krungu, sing bisu bisa caturan.”

maca bab lengkap Markus 7